ora kerasa,dina mau wis dhuhur wayahe kanggo solat dhuhur. aku karo reguku solat bareng-bareng ing mushola sing perek karo tempat perkemahane. sawise sholat banjur mangan. mangane ora kaya pas ing zipur ono peraturane , ing cacaban mangane ono ing tendha per regune.
jam setengah papat bar solat ashar, waktune upacara pembukaan ing tengah lapangan. bar upacara,banjur bocah-bocah smp loro istirahat sekarepe dhewe-dhewe. wis kerasa jam 6 waktune solat maghrib karo mangan bengi. bar kuwe, sing kelas sanga banjur di anakake muhasabah ing mushola. bar e podo nangis kabeh. balik ing tendha langsung podo turu wengi.
esuke sing kelas 7 karo 8 podo wide game nanging kls 9 dianakake outbond. tempate ono ing Argowisata, Pangkah. bocah kelas 9 manane nganggo trek. perjalanane lumayan adoh. sawise tekan tempat outbond e, nang kana hawane adem bangettt soale di penuhi wit-witan sing gedhe-gedhe. iyup bangett krosone. ing tempat wisata Agrowisata kuwi dipenuhi dolanan-dolanan sebangsa ayunan,prosotan lan liya-liyane. ing kono juga ono tempat sing khusus digunakake kanggo foto-foto. tempat kuwi hiasane apik-apik banget lan bocah-bocah smp loro podo foto ing tempat kuwi. ing kana juga ono kereta-keretanan sing bisa ditumpaki wong akeh banjur kereta mau jalan ngelilingi tempat wisata mau. yen pan numpak bisa bayar 5000 per uwonge.

kegiatane kelas 9 ing tempat wisata mau yaiku outbond ing njerone kolam renang. sadurunge outbond dilaksanake, bocah-bocah kls 9 podo dolanan ndisit ing sekitar tempat wisata mau. ana sing nginung lan mangan jajan, jagongan ing ngisore wit-witan lan ngobrol karo kancane. ana juga sing lagi foto-foto. bar kuwe bocah-bocah kls 9 di kon maring kolam renange banjur dianakake permainan ing sajrone kolam renang mau. per regu kudu kerja sama ing saben permainan. ono permainan ngisi banyu ing pralon eben bal sing ono ing njero pralon mau kuwi metu, ono juga mlaku ing dhuwure tongkat-tongkat sing mengko dicekel kancane. regune aku arane regu Drupadi. pas lomba ngisi banyu ing pralon, regu Drupadi menang juara loro. tapi, pas melu permainan mlaku ing dhuwure tongkat, Drupadi ora oleh juara :(. sawise outbond bocah-bocah podo mangan awan(siang).bar kuwi balik ing cacaban meneh. balike sekitar jam loro awan. kesel banget tapi juga ono rasa seneng amarga regune menang pas lomba mau.
bengine, dianakake kegiatan api unggun. kegiatan kuwi sing paling disenengi saben siswa. pokoke rame banget pas kegiatan iki. ono alumni-alumni sing podo teka ing Cacaban kanggo ndeleng api unggune:D. kegiatan api unggun iki juga karo diselingi pentas seni ing pinggire api unggune. pensine ono sing maju puisi,ngedance,nari. pas terakhire kegiatan iki, bocah-bocah podo njoget ing tengah lapangan karo nyanyi lagu sing lagi viral yaiku sing judule "salah apa aku". bar api unggun, bocah-bocah podo balik ing tendha ne dhewe-dhewe. ora podo bisa turu amarga ngesuke balik ing omah yeyyyyyy.
esuke, kelas 7,8,9 diaakake senam ing tengah lapangan. bar senam, bocah lan guru-gurune jalan jalan maring waduk cacaban. dalan sing pan maringe waduk cacaban, manjat terus kaya maring gunung. wis kaya kua ora olih nganggo sandal.
sawise wis anjog bumi perkemahan, kelas 7,8,9 podo solat dhuhur lan mangan awan (siang). bar kue podo istirahat sekarepe dewe-dewe.
ngesuke bocah smp loro tegal balik maring tegal maning. sadurunge balik, dianakake upacara ndishit. panas banget hawane pas awan kue. sawise upacara. bocah-bocah podo ngrubaki tendane per regu. bar kue numpak trek sesuai karo sing wis dibagi banjur balik maring tegal. tekan tegal sekitar jam sepuluh an.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar