Preinan wingi,aku karo keluargaku mudhik maring umahe simbah sing ana ing Temanggung. aku karo keluarga mana nganggo mobil. mangkat seka Tegal jam 10 lan tekan kana jam 5 sore. Ing perjalanan mataku dilengi karo wit-witan,sawah,gunung, karo sing liyane. Pokoke seneng banget pas liburan bisa ngisi wektu liburanku ing omahe simbah. Pas adzan dhuhur, aku karo keluarga mandheg ing masjid karo sisan istirahat. Pokoke perjalanane suwe banget. Aku paling ora seneng yen pas ing Weleri soale dalan sing pas neng Weleri mlegak-mlegok.
Ora kerasa ternyata wis tekan Temanggung. Pertamane aku mampir ndisit ing masjid sing perek karo umah simbahku. Bar kue, aku karo keluarga maring tempate simbah. Aku seneng soale langsung disambut karo sedulur-sedulurku.
Dina pertama ing kana, pas esuk emang hawane atis banget tapi enak kanggo pit-pitan, akhire aku karo sedulurku sing arane Astin, pit-pitan muteri komplek sing ora adoh juga seka umahe simbah. Aku pit-pitan awit jam 7 esuk nganti jam 9. Sawise pit-pitan, aku karo astin tuku jajan ing Indomart. Bar kuwe aku balik maring umahe simbah. Pas sore aku sempetke foto ing lantai loro masjid soale katon gunung yaiku gunung sumbing.
Keesokane jam 10 aku sakeluarga maring kuburane simbahku sing lanang. Nang kono,maca surat Yasin lan nyabuti suket sing ono ing sekitar kuburane mbahku. Sawise kue, sadurunge balik ing umahe mbahku, aku sakeluarga mampir ing alun-alun Temanggung. Nang kono aku foto-foto karo kakange aku. Tekan jam 12 awan, aku sakeluarga juga sholat ing masjid Agung Temanggung sing tempate ono ing pereke alun-alune mau. Bar sholat, aku sakeluarga balik ing omahe simbahku.
Keesokane maning, aku sakeluarga pamit maring simbah karo sedulurku yen dina kuwi jam loro awan aku pan balik maring Tegal. sadurunge balik ing Tegal, aku dioleh-olehi jajan khas Temanggung saka simbahku yaiku kentang kering sing wis dadi makanan favorite aku. kentang kering iku memang rodo pedes lan manis ,pokoke gurih bangett . ora kerasa wis adzan dhuhur aku solat ndisit ing masjid Agung. bar sholat, aku sakeluarga balik maring Tegal. Ing perjalanan aku keinget momen momene aku pas nang kana. Pokoke aku ora bakal lupakne momen kebahagiaan iki. Ora kerasa jebulane wis tekan Tegal sekitar jam 9 bengi amarga pas ing Pekalongan kuwi macet. Tekan umah blas kesel banget tapi aku seneng soale bisa ketemu simbahku sing ono ing Temanggung.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar