Minggu, 05 Januari 2020

Liburan Sekolah

Aku arep cerito tentang kegiatanku pas liburan

preinan pas bulan Desember wingi, aku karo keluargaku lunga maring simbah sing ono ing Temanggung. maring Temanggung dina sabtu. mangkat seko Tegal jam 6 esuk supaya tekan kana hawane ora patia panas. aku karo keluargaku maring Temanggung numpak mobil. neng dalan aku seneng amarga biso ndeleng hutan-hutan seko kaca mobil. ora kerasa perjalanan wis 6 jam. aku karo keluargaku tekan kana sekitar jam 10 esuk. nek kesel, juga mampir mangan ndisit ing perjalanan.

ora kerasa wis tekan Temanggung. koyo biasa, aku karo keluargaku mampir ndishik ing masjid perek omah simbahku, aku karo keluargaku mlaku maring umahe simbah,amarga perek sekang masjid. tekan omahe simbah,aku disambut dening simbahku lan sedulur-sedulurku. aku seneng banget liburan bisa ngunjungi marang omah simbahku. sawise kue, aku karo keluargaku omong-omongan karo simbah. nahhh, wis ora kerasa wis adzan dhuhur. aku karo keluargaku solat ing masjid. ing Temanggung, jam semono tetep hawane panas banget koyo ing Tegal. nanging, nek bengi hawane atis bangett.

sawise solat ing masjid,aku balik maning omahe simbah. karo nunggu adzan ashar, aku akhire nonton tivi karo simbahku ing ruang tamu. ora kerasa wis adzan ashar, yo aku akhire solat ashar tapi ing omah,sebab pas aku arep maring masjid, malah udan deres banget.sawise solat ashar wis ora udan, aku ngancani ibuku tuku oleh-oleh kanggo digawa maring Tegal. tempat oleh-olehe ora adoh saka omah simbahku.

sawise tuku oleh-oleh, aku tuku jajan ing indomart kanggo sangu balik maring Tegal. ora kerasa wis adzan maghrib, aku karo keluargaku solat bareng ing masjid. nahhh,sekalian juga solat isya ing masjid. sawise rampung solate, aku karo keluargaku balik maring Tegal. amarga mung sedina tok aku nang kana.

aku karo keluargaku balik wiwit jam setengah 8 nan bengi. aku pamit maring simbahku lan sedulur-sedulurku. sadurunge balik, aku karo keluargaku maring Alun-Alun kota Temanggung. rame bangett amarga dina kuwi malam minggu dadine alun-alune rame. akeh wong dodol terompet karo kembang api juga amarga ngesuke kan wis tahun baruan.

ora suwe-suwe ing alun-alun Temanggung, akhire aku karo keluargaku balik maring Tegal. tekan weleri, dalane plegak-plegok ora karuan. pas kuwi juga lagi keadaan grimis lan mendung sithik. aku ndeleng lewat kaca mobil, juga isine hutan-hutan pepohonane gede-gede banget.

ora kerasa wis tekan Tegal, aku karo keluargaku tekan Tegal sekitar jam setengah 1 wengi. dalane wis sepi banget. tapi rasane seneng liburan iki isih biso ketemu simbah lan sedulur-sedulurku sing ana ing Temanggung. tekan omah, aku langsung turu amarga wis kesel banget ing perjalanan.

selain aku liburan maring Temanggung, pas liburan, aku juga mbantuni beres-beres omah karo ibuku. kayata masak,nyapu,lan liya-liyane. di sela-sela liburan juga aku sempetke kanggo sinau soale bulan april aku wis UNBK. aku sempetke sinau matematika,bahasa inggris, bahasa indonesia, lan ipa. aku juga mbaca-mbaca materi kanggo USBN kayata Pkn, Agama, Ips, lan liya-liyane. aku coba ngerjakna soal-soal sing ono ing buku sing tembe seminggu wingi aku tuku ing Gramedia. buku kuwi yaiku isine materi sing wis diringkas lan latihan soal-soal kanggo UNBK. soal-soal kuwi aku coba beberapa kali aku baca terus supoyo aku biso paham lan terutama matematika kudu oret-oretan ora mung apalan rumus.

Iki crito liburanku :)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Liburan Sekolah

Aku arep cerito tentang kegiatanku pas liburan preinan pas bulan Desember wingi, aku karo keluargaku lunga maring simbah sing ono ing Tema...