Minggu, 03 November 2019

Karnaval

anggal 17 agustus kuwi kan hari kemerdekaan makane dianakake lomba-lomba ing smp loro. saben kelas kudu ndaftarake peserta kanggo meluni lomba mau. lomba-lombane diantarane yaiku ana lomba ngedance, nyanyi, lan liya-liyane. seneng banget pas dina kuwi, soale hari-harine mung diisi karo perlombaan tok laka pelajaran mulane bocah-bocah podo ceria. sawise lomba, bocah-bocah podo jajan ing kantin sekolah. ono sing ngobrol karo kancane, ono sing dolanan hp. pas dina kuwi balike sekitar jam 12 awan. seneng bangettttt kannn balike gasik ora koyo biasane ;D.

pas tanggal 24 Agustus ig kota Tegal dinakake karnaval, kabeh bocah smp loro dianjurkan meluni kegiatan iku. kelasku yaiku kelas 9F oleh kedapetan dadi profesi . aku nganggone klambi sing go SPG. aku dandan nganggone klambi abu-abu. kancaku jug ono sing dadi mbak-mbak jamu, dokter, arsitek,koki, poografer. pokoke akeh bangettt. ono juga sing dadi maskot. meriah bangettt acarane walopun panas-panasan. karnaval e mau smp loro jalan jam 3 sore

dina pas karnaval pancen panase ora umum. bocah smp loro wis podo kumpul wiwit jam sepuluh. nah jebule kebagian jalan e jam setengah 3 sore. podo kesel kabeh nungguni nomor e go jalan. pas dhuhur bocah-bocah smp loro awit kelas 7 8 lan 9 podo mangan awan ndisit supaya ora lemes ngko pas jalane. sawise mangan podo foto-foto karo kancane wkwkwkwk.

ora kerasa wis jam setengah 3 sore. banjur siswa-siswi smp loro jalan. akeh banget wong sing ndheleng karnaval.

rampung karnaval jam 5 sore. bocah-bocah dikon maring sekolahan ndisit arep dimein snack. tekan sekolahan podo kesel kabeh. sawise wis mangan snack. bocah-bocah mau podo balik maring umah. ana sing numpak gojek, ana juga sing dijemput wong tuwane.

dalan ng ngarepe smp loro juga dadi rame banget amarga akeh wong tuwa sing njemput anak-anake sing bar melu karnaval mau.


Perayaan Hut Spenda

tanggal 8 agustus ulang tahune smp loro tegal. dina kue arep dianakake lomba-lomba sing pesertane juga bocah-bocah saka smp loro awit kelas 7,8,lan 9. saben kelas kudu ndaftarake peserta ne go lomba. lomba-lombane yaiku ana lomba nyanyi,ngedance lan liya-liyane. pas ulang tahun juga ono pertunjukan barongsai. karo dianakake jalan sehat bareng-bareng. pokoke ulang tahune smp loro tegal disambut kanthi meriah banget.

kegiatan pertama yaiku dianakake jalan sehat bareng-bareng.sawise jalan sehat banjur dianakake upacara karo motong tumpeng. upacara mau juga dihadiri kepala sekolah smp loro yaiku pak Fariz. sawise upacara terus dianakake kegiatan mangan tumpeng per kelas sing wis dipesen saben kelas dhewe-dhewe. bar kue, nembe dianakake lomba-lomba mau. tapi selain ono sing ndeleng penampilan bocah sing lomba, juga ono sing malah maring kanthin kanggo njajan.
kegiatan mau rampung sekitar jam 11 an.

penampilan bocah-bocah sing lomba cukup apik banget. bocah-bocah bisa podo jago ngedance, lan pas lomba nyanyi suarane juga apik banget. bar kue nembe diumumke juara-juarane perkelas.
sawise diumumke juarane, bocah-bocah olih balik maring kelase dhewe-dhewe. olih juga istirahat maring kantin.

sawise kegiatan perayaan ulang tahun smp loro, aku karo kanca-kancaku tuku jajan maring kantin sisan karo ngobrol-ngobrol. asik banget silir angine dina kue. soale hawane juga ora panas nemen mung biasa bae.

ora kerasa omong-omongan suwe karo kanca-kancaku. bel wis bunyi. bocah-bocah podo balik. aku karo kanca-kancaku balik maring kelas kaggo njukut tas banjur kuwi balik maring omah.

pokoke kegiatan perayaan ulang tahun mau meriahe pollll

kegiatan kemah

Minggu wingi,pas bulan oktober tanggal 8 anjog 10 bocah smp loro kelas 7,8,9 kemah maring Cacaban. mangkat saka sekolahan jam 9 tekan kana jam 10 nganggo kendaraan trek. tekan kana, kabeh bocah podo gawe tendha per regune. sawise gawe tendha, bocah-bocah mau podo njajan ing pinggir-pinggire tempat kemah, nginung es karo mangani jajan sing tak gawa saka umah.

ora kerasa,dina mau wis dhuhur wayahe kanggo solat dhuhur. aku karo reguku solat bareng-bareng ing mushola sing perek karo tempat perkemahane. sawise sholat banjur mangan. mangane ora kaya pas ing zipur ono peraturane , ing cacaban mangane ono ing tendha per regune.

jam setengah papat bar solat ashar, waktune upacara pembukaan ing tengah lapangan. bar upacara,banjur bocah-bocah smp loro istirahat sekarepe dhewe-dhewe. wis kerasa jam 6 waktune solat maghrib karo mangan bengi. bar kuwe, sing kelas sanga banjur di anakake muhasabah ing mushola. bar e podo nangis kabeh. balik ing tendha langsung podo turu wengi.

esuke sing kelas 7 karo 8 podo wide game nanging kls 9 dianakake outbond. tempate ono ing Argowisata, Pangkah. bocah kelas 9 manane nganggo trek. perjalanane lumayan adoh. sawise tekan tempat outbond e, nang kana hawane adem bangettt soale di penuhi wit-witan sing gedhe-gedhe. iyup bangett krosone. ing tempat wisata Agrowisata kuwi dipenuhi dolanan-dolanan sebangsa ayunan,prosotan lan liya-liyane. ing kono juga ono tempat sing khusus digunakake kanggo foto-foto. tempat kuwi hiasane apik-apik banget lan bocah-bocah smp loro podo foto ing tempat kuwi. ing kana juga ono kereta-keretanan sing bisa ditumpaki wong akeh banjur kereta mau jalan ngelilingi tempat wisata mau. yen pan numpak bisa bayar 5000 per uwonge.


Yuk Naik Loko Antik Mengitari Pabrik Gula!



Hasil gambar untuk kolam renang agrowisata pangkah


kegiatane kelas 9 ing tempat wisata mau yaiku outbond ing njerone kolam renang. sadurunge outbond dilaksanake, bocah-bocah kls 9 podo dolanan ndisit ing sekitar tempat wisata mau. ana sing nginung lan mangan jajan, jagongan ing ngisore wit-witan lan ngobrol karo kancane. ana juga sing lagi foto-foto. bar kuwe bocah-bocah kls 9 di kon maring kolam renange banjur dianakake permainan ing sajrone kolam renang mau. per regu kudu kerja sama ing saben permainan. ono permainan ngisi banyu ing pralon eben bal sing ono ing njero pralon  mau kuwi metu, ono juga mlaku ing dhuwure tongkat-tongkat sing mengko dicekel kancane. regune aku arane regu Drupadi. pas lomba ngisi banyu ing pralon, regu Drupadi menang juara loro. tapi, pas melu permainan mlaku ing dhuwure tongkat, Drupadi ora oleh juara :(. sawise outbond bocah-bocah podo mangan awan(siang).bar kuwi balik ing cacaban meneh. balike sekitar jam loro awan. kesel banget tapi juga ono rasa seneng amarga regune menang pas lomba mau.

bengine, dianakake kegiatan api unggun. kegiatan kuwi sing paling disenengi saben siswa. pokoke rame banget pas kegiatan iki. ono alumni-alumni sing podo teka ing Cacaban kanggo ndeleng api unggune:D. kegiatan api unggun iki juga karo diselingi pentas seni ing pinggire api unggune. pensine ono sing maju puisi,ngedance,nari. pas terakhire kegiatan iki, bocah-bocah podo njoget ing tengah lapangan karo nyanyi lagu sing lagi viral yaiku sing judule "salah apa aku". bar api unggun, bocah-bocah podo balik ing tendha ne dhewe-dhewe. ora podo bisa turu amarga ngesuke balik ing omah yeyyyyyy.

esuke, kelas 7,8,9 diaakake senam ing tengah lapangan. bar senam, bocah lan guru-gurune jalan jalan maring waduk cacaban. dalan sing pan maringe waduk cacaban, manjat terus kaya maring gunung. wis kaya kua ora olih nganggo sandal.

sawise wis anjog bumi perkemahan, kelas 7,8,9 podo solat dhuhur lan mangan awan (siang). bar kue podo istirahat sekarepe dewe-dewe.

ngesuke bocah smp loro tegal balik maring tegal maning. sadurunge balik, dianakake upacara ndishit. panas banget hawane pas awan kue. sawise upacara. bocah-bocah podo ngrubaki tendane per regu. bar kue numpak trek sesuai karo sing wis dibagi banjur balik maring tegal. tekan tegal sekitar jam sepuluh an.

Liburan Sekolah

Aku arep cerito tentang kegiatanku pas liburan preinan pas bulan Desember wingi, aku karo keluargaku lunga maring simbah sing ono ing Tema...